POJOK KAMPUNG :
Awan-awan rodhok gerimis...
Suroboyo, kampung sesek penduduk'e koyok biasane...
Warga kota sampek njero kampung lan gang-gang sempit podho umek menungso'e...
Aneka werno tumindak lan lelampahan'ne...
Sing nyambut gawe podho sregep yen tumandang krida'ne...
Sing cangkruk'an nggak nduwe penggawean podo nguyu cekakak'an...
Lakak-lakak pecicilan.... Mboh opo sing diguyu kae...??
Sing lagi petan lan ngrasani tonggone gedhe-gedhe'an yen ngompori koncone...
Sing lunggu methingkrang ambek moco koran bolak-balik godhak-godhek sira'e...
Amergo moco berita tsunami nang Jepang ijik tas iki...
Sing bebakulan podho mesam-mesem ambek merem mripate amergo marem atine... Oleh bathi dhodolan sing ora sak ithik...
Sing lagi marung nang warkop podho manggut-manggut ngrungok'no lagu dangdut...
Pokok'e wuaakehhh.... Ora isok tak gambarno kabeh...
Bagong sing nduwe kampung Karang Tumaritis lagi enak-enak lembehan tangan ambek nggegem duwek limang ewu'an...
Parane pinuju bakul rujak cingur sing onok pojok'an kampung...
Warung'e Buk Lembuk...
Bagong :
"Buk...!! Rujak sak pincuk piro...??"
Buk Lembok :
"Limang ebu Cak Bagong...!!
Bagong :
"Piro Buk....??"
Buk Limbuk :
"Limang ebu....!!"
Bagong :
"Cek... larang'e Buk...!! Iku rujak opo lonthong mie...!!"
Buk Limbuk :
"Be'en ngocak apa...?! Jelas warung rujak engkok jual...!!"
Bagong :
"Tapi..., cek larang'e Buk...?!"
Buk Limbuk :
"Pingin murah.... sono...melek kreco...tak iye...!!
Rujak cingur wis pasaran regan'ne mung segumik be'en ngocak larang...!!
Bo....abooo....!!"
Bagong :
"Yoo uwis Buk....!! Tolong bungkusno sak pincuk'ae sing pedhes sambel'le...!!"
Buk Limbuk :
"Oreng apa tak taok... mon harga cabih (=cabe/lombok) pade larang...!!
Bagong :
"Sopo sing ngurus Buk....!! Sing penting aku tuku rujak cingur sing pedhes....!!"
Buk Limbuk :
"Pedhas-pedhes...., engkok campur bei...pethis udang campur telethong sapi...!!"
Bagong :
"Wueeeek....!!"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar